Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/222

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kusmiana ditinggal wong tuwane menyang Kalimantan dadi buruh ing kebon sawit nalika kelas papat. Urip sedina-dinane melu bulik, adhine bapake. Kebutuhan saben dinane dikirim saka Kalimantan. Nanging karang urip ora kaya crita komedhi, nasibe Kusmiana kaya bocah ora kopen. Embuh krana kiriman dhuwit sing ora cukup utawa sebab liya sing ora elok yen dicritakake, sepatu sing dienggo nyangkem baya, klambine lusuh, awake nlaling. Atiku dadi tambah karujit-rujit nalika ing wayah ngarepake surup iki, Kusmiana teka karo nembung njupuk ijazah.

Yen dipikir jero, kahanan sing dialami Kusmiana sakanca pancen tragis. Sebab senajan bocah wis dinyatakake tamat lan wis meh mlebu sekolah ing tingkat ndhuwure, blangko ijazah sing kanggo nulis biji asil ujian, durung mudhun Embuh kesangsang ing endi.

Kangmangka jaman aku cilik biyen, jaman aku sekolah ing SD, jaman durung maju kaya saiki, jaman sasat durung ana teknologi, jaman manual, jaman samubarang laporan digarap nganggo tangan, kapan bocah sekolah dinyatakake tamat, kabeh urusan rampung. Ijazah mesthi diwenehake mbarengi pepisahan. Lha saiki, bocah wis dinyatakake tamat telung wulan kepungkur, blangkone bae durung ana!

Biyen, selembar kertas isi angka-angka lan ana katrangan sing nuduhake pira ajine angka mau, upamane: 93 (sembilan puluh tiga) banjur takkekep-kekep, takambungi, taklithing-lithing. Tumrapku kertas sing ana gambare Bhinneka Tunggal Ika mujudake pusaka. Kanthi pusaka mau aku wiwit nasak alas kauripan milang lawange nasib.

Tamat SD, katut iline kanca-kanca aku melu ndhaftar ing SMP. Sarampunge SMP aku nerusake maneh ing sekolahan sing ndhidhik bocah-bocah dadi guru SD. Jenenge SPG (Sekolah Pendidikan Guru). Ing kene aku digembleng maneka warna ngelmu sing ana gegayutane karo pamulangan. Ana psikologi

Nalika Rembulan Bunder | 211