Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/221

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nyenyawang kekembangan sing ditandur cedhak tritis ing ngarep kelas.

Sawijine wektu dheweke taktakoni kenangapa ora tau jajan. Apa ora nggawa sangu. Yen ora nggawa arep takparingi.

Wangsulane ora kepengin, banjur nuduhake dhuwit sangu saka sak klambi, rong ewu rupiyah! Dhuh Gusti, akeh temen, batinku ngrintih.

Dhuwit sing sisih ngarep ana gambare pahlawan nasional Mohammad Hoesni Thamrin lan ing sisih mburi ana gambare wanita nganggo klambi adat Minang lagi njoged Tari Piring iku dilebokake maneh ing sak klambine.

"Saben dina sangumu rong ewu?"

"Kadhang nggih sewu."

"Sewu?!"

Kusmiana manthuk.

"Duwe dhuwit kok ora nggo jajan?" pitakonku ngati-ati.

"Kula celengi, Pak Guru."

Dhadhaku kaya dijojoh trisula. Dhuwit semono — sing tumrap wong liya ora digape — dening Kusmiana dicelengi.

"Dhuwit celenganmu akeh ya, Kus?" swaraku takgawe gumrapyak semu ngguyoni.

Kusmiana ngawasake raiku. Pojok lambe ndhuwur ditarik sethithik, kaya arep mesem. Nanging wurung.

Takpikir-pikir sing goblog iki aku. Nyelengi dhuwit gedhene rong ewu kok diarani celengane akeh. Nek kepengen ngerti wong sugih dhuwit, celengane ing bank ora mekakat akehe kanthi diatasnamakake wong liya, kae lho para maling sing ngrampok dhuwit negara: koruptor! Paraga sing tetep kinormat senajan wis dibui, lan olehe turu tetep ing kasur empuk. Diladeni mangan enak-enak. Diajeni sipir-sipir pakunjaran.

Lha Kusmiana? Batinku takkamplengi dhewe. Pira dhuwit celengane? Mesthine dening para koruptor mung dianggep uyuh!

210 | Antologi Cerkak