Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

alun. Banjur nongkrong nang pojokan ngisor wit wringin sing iyub. Ngobrol ngalor ngidul, babagan pegaweanmu, pegawean­ ku, lan liya-liyane.

Nanging seawan kuwi, aku ngrasa lakumu kok beda. Ora kaya pas ketemu nem wulan kepungkur. Kowe lewih sithik omong, akeh menenge. Nek taktakoni, semaure namung seper­ lune wae. Takrasa-rasa kaya ora bungah mlaku bareng karo aku. Aku ngira kowe lagi kesel awake, perjalanan adoh seka Jakarta-Magelang.

“Dhik, golet mangan, yuk. Sing rada segeran. Aku wis ngelih iki,”

“Ayo, aku uga wis ngelih. Hawane wis panas banget,” semaurku.

Dhewek banjur menyat seka kono. Kowe banjur ngegas motor, aku ngrangkul saka mburi. Aku ora ngerti arep golet mangan nang endi. Sakdawane dalan, kowe ora ngomong apa-apa. Aku uga meneng wae. Aku malah dadi krasa sikapmu adhem marang aku.

Sekira limalas menit, kowe menggokna motor nang warung pinggir dalan utama maring Borobudur, nang daerah Citran. Wah, warung soto nggone Kang Triman. Aku kok ngrasa dadi tambah ngelih.

“Sugeng rawuh.” Kang Triman nyambut nganggo eseman sing khas.

Aku lan kowe lungguh nang kursi meja makan mepet tembok sisih lor pinggir jendhela. Pesen soto sapi rong mangkok karo teh manis panas rong gelas.

Aku adhep-adhepan karo kowe. Bener, takrasakna dina iki, kowe pancen beda. Lewih akeh meneng. Mripatmu temungkul, tanganmu utak-atik hape. Aku kaya dinengke. Nganti limang menit liwat kowe durung ngomong apa-apa. Mandan gela, aku nglongok jendela. Sawahe garing, lemahe nglungka jalaran ora diileni banyu. Mangsa ketiga kiye pancen panas. Nanging, nang

136 । Antologi Cekak