Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Mak Dheg! Ryan Rachman

Setengah rolas awan, kowe marani aku nang umah. Rasa bungahku nambah mblarah-mblarah nalika kowe teka.

“Piye kabare, Dhik?”

Alhamdulillah, Mas. Kowe piye, mas?” “Ya, alhamdulillah apik.” “Piye pegaweanmu nang kana?” “Alhamdulillah, saiki wis isa nabung.”

Dina iki kowe mulih seka Jakarta. Atiku bungah tenan. Wis nem wulan awake dhewe ora ketemu. Kowe sibuk kerja nang kana. Aku uga duwe pegawean nang kene. Aku, ya, maklum marang kahanan kaya iki. Sing jarene wong-wong kae, LDR, utawa pacaran jarak jauh. Nandang kangen meh saben wayah.

Pancen saiki kowe wis ketok beda. Nganggo klambine lewih necis lan kasual. Sepatuan. Rambute dicukur lan disisir rapi nganggo pomed. Awake uga tambah lemu, lewihresik tur wangi. Ora kaya jaman kowe kuliah, jaman awal-awal pacaran. Nganggo kaos nganti kisut. Sikile nganggo sandal jepit kusem. Rambute gondrong, lepek kaya ora tau kena sampo. Arangarang adus, nganti awake mambu penguk.

Aku lan kowe banjur metu seka omah. Lunga boncengan numpak motor. Nek mbiyen jaman awal pacaran, numpak GL Pro, saiki numpake Ninja. Muter-muter kota, banjur mandhek

nang alun-alun. Mlaku-mlaku gandhengan tangan muteri alun-

Nalika Rembulan Bunder | 135