Kaca:Murkane Ibu.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Yanti

Kuswandari SMAN 1 Galur, Kulon Progo

kd

agi sesasi anggonku kenal Yanti, yaiku kawit Yanti dadi murid

anyar ana ing sekolahanku. Yanti bocah kang lembah manah, kebak ing tata karma lan sugih esem. Ya kuwi kang daksenengi saka Yanti. Kejaba iku, dheweke pinter lan kerep mbiyantu aku ngajari ngilmu pelajaran itung-itungan kang kawit biyen paling aku ora bisa. Wektu sesasi mau wis cukup kanggo aku kenalluwih adoh babagan uripe Yanti, semono uga suwalike. Mula, prasaja wae yen aku lan dhe- weke sing padha-padha easy going bisa cepet raket.

Yanti iku asale saka Kutha Kembang utawa Bandung, dheweke lanibune pindhah ing kutha Gudheg iki amarga keluwargane kang broken home, Aku dhewe ora beda karo Yanti, dadi korbane wongtuwa singmung mikirake wudele dhewe. Mbok menawa babagan iki kang, bisa nambah raketing kekancananku karo Yanti, amarga padha- padha ngrasakake lara lan susahing dadi kurban ke-egois-ane wong tuwa. Apa maneh yen nganti diece kanca lan tangga teparo. Ati rasa- nekaya diiris peso kang landhep, perih ora mari-mari.

Nanging kawit kenal karo Yanti aku wis ora preduli maneh apa kang diomongake wong liya babagan aku lan kulawargaku. Aku ora perlu duwe rasa isin, ora perlu lara ati, amarga aku ya aku, awakmu ya awakmu. Durung mesthi wadi kang ana ing kulawarga iku ora bakal ana ing kulawarga liyane. Mung wong kang pikirane cekak wae kang bakal mikir kaya mangkono. Lan durung mesthi uga uripe wong liya iku luwih mulya saka uripku.

56 = Antologi Crata Cekak ee.