Kaca:Murkane Ibu.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Iki bu...! Mosok anake dhewe, Tejo, ditahan merga mungnge- saki sabu-sabu. Rak ya lucu ta Bu! Mangka sabu-sabu kuwi miturut tembange Endang sapa kae, malah dadi lali aku Bu! Jarene sabu- sabu kuwi sarapan bubur. Kaya tembang sing ngene kae lho Bu! pagi- pagi sabu ..., tiap pagi sabu ..., enak sekali...”

Saiki malah Pak Polisi sing ngguyu kepingkel-pingkel.

“Menika salah sak tunggaling narkoba utawi napza kang kale- bet obat-obatan ingkang dipun awisi dening negari, jalaran tundhon- ipun mbebayani sanget. Bahayanipun ngantos saget ngilangaken nyawa.

“Ooo... 00..., 00!

“Dados sabu-sabu menika sanes sarapan bubur?”

“Inggih sanes Pak Kirnan! Amargi sampun cetha perkawisipun, kula nyuwun pamitrumiyen, taksih kathah pedamelan wonten kan- tor. Manga Pak, Bu!”

“Mangga-mangga, dherekaken sugeng tindak!”

Karo salaman, Pak Polisi ni ggalake omahe Pak Kirnan. Pak Kir- nan mung isa ngulur njengkerute bathuke. Pikirane kopyor mikir Tejo, anak lanang siji-sijine sing di gadhang-gadhang malah mlebu ana bluen. Apa meneh Bu Kirna mung kembak-kembik nan gis.

“Assalamu'alaikum!”

Pak Kirnan lan bojone bareng angone mangsuli salam.

“Waalaikumu salam!”

“Wonten menapa malih, Pak Polisi!”

“Sak dherenge kula nyuwun ngapunten, jebul putrane sampe- yan mboten klentu. Amargi sasampunipun dipunsidik, putra sampe- yan namung dipun jebak dening rencange!”

“Alhamdulillah...!” Matur nuwun Pak Polisi.”

“Sami-sami Pak, Bu.”

Pak Kirnan lan bojone banjur sujud syukur ana ngarsane Gusti Ingkang Maha Agung inggih menika Allah SWT.

KK Ali Rahmat W. , lair ing Ngawi, 30 Juli 1990, siswa SMA Ma'arif Wates, Jalan Gadungan, Wares, Kulon Progo, telepon 0274 773236, agama Islam, mapan

ing Kriyanan, Wates, Kulon Progo, nomer HP 085228414 565, kesenengane bal-balan.

80 = Antologi Crata Cekak ee.