Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 1

I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !

WANA

 Bumi Pertiwi ingkang sampun kondhang kaonang-onang wonten ing saindhenging jagad minangka bumi ingkang subur makmur loh jinawi punika pancen sanes pamuji lan pambiji ingkang lalawaran. Ananging sayektos wiwit kuna-makunanipun, nagari Indonesia punika anggadhahi kaunggulan ingkang boten kadarbeni dening nagari sanes.

 Kaunggulan-kaunggulan sarta kaelokan kalawau arupi kathahing jinis-jinis tetaneman ingkang tuwuh wonten ing bumi. Punika saged kabuktekaken manawi kita saged kanthi taliti analasak wana-wasa ing saindhenging nagari kita.

 Pramila boten maiben manawi ing satunggaling panggenan wonten jinising wana ingkang boten saged pinanggih wonten ing panggenan sanesipun. Upaminipun ing laladan Kalimantan Tengah sarta Kalimantan Wetan, kathah wana greng ingkang arupi wana penjalin, kajeng besi lan sanes-sanesipun. Ing laladan redi Lawu sarta laladan Malang sakanan-keringipun kathah pinanggih wana cemara pinus, ugi ing laladan Rembang, Blora, Tuban lan Bojonegoro kathah wana jati. Lan boten kesupen ing laladan Parahyangan saged pinanggih wana rasamala.

 Punika sadaya kalawau minangka tandha bukti bilih sayektosipun nagari kita punika pikantuk nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos arupi laladan ingkang gemah-ripah. Wana-wana bebanjengan lan saged tuwuh ngrembaka ing laladan pulo-pulo Jawi, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan Irian.

 Mligi ing laladan Irian, wana-wana kalawau taksih awujud wana greng ingkang tuhu anggegirisi kawontenanipun. Kejawi kekajengan ageng lan inggil tuwuh kanthi mardhika, ing salebeting wana wau kathah gegremetan sabangsaning sawer, baya, lintah lan sanes-sanesipun ingkang mbebayani tumrap kawilujengan.

7