Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Namung ing tanah Jawi kemawon wana-wana kalawau ingkang sampun tinata dening pamarentah, saengga kathah para punggawa ingkang tinanggenah njagi kawilujenganing wana, wantun mlebet lan blusukan wonten ing salebetipun. Ewasemanten kala-kala inggih taksih saged pinanggih sabangsaning sato galak sawatawis, kadosta sima, sawer, andhapan. Malah wana-wana ing laladan Sumatra taksih dipun angge jejigaran gajah, warak, lan sabangsanipun kethek ingkang galak.

 Ngrembag prakawis mumpangatipun wana makaten, sayektos ngandhar-andhar manawi dipun beberaken ing sadayanipun. Tumrap lestari sarta mekaripun lingkungan, wana makaten ageng sanget gina-paedahipun. Jer wontenipun humus ingkang mahanani suburing siti sayektos gumantung dhumateng sae lan mbotenipun wana. Pramila boten lepat manawi kathah para sarjana ingkang elik-elik menggah wigatosing njagi lan ngipuk-ipuk amrih wana makaten saged katindakaken dening manungsa piyambak. Jer manawi tuwuh banjir bandhang tuwin erosi ingkang nandhang kapitunan inggih manungsa.

 Ing bab punika dereng ngrembag prakawis pagesanganipun sato-wana sabangsanipun gajah, sima, lan sanes-sanesipun ingkang kaancam musna. Awit dereng dangu punika kathah pawarta-pawarta ingkang nelakaken, bilih pakampungan transmigran kaamuk dening gajah, utawi kathah sima ingkang mlebet kampung ngganggu-damel rajakaya. Prastawa makaten yektosipun awit si sato sampun rumaos cupet jagadipun, saengga purun boten urun kedah ngrabaseng padhusunan.

 Minangka panutuping atur, sumangga sapunika gumantung dhumateng kasagahanipun manungsa piyambak. Punapa taksih wonten greged kangge njagi lestarining lingkungan ? Manawi taksih sumadiya, sumangga kita wiwiti.


B. Pitakon-pitakon iki wangsulana !

  1. Geneya alas-alas kang ana bumi Indonesia iki beda-beda jinising tanduran ?
  2. Wenehana tuladhane manawa ing saben alas kang ana Indonesia beda-beda tandurane !
  3. Kepriye kaanane alas ing laladan Irian lan kepriye kaanane alas ing tanah Jawa ?

8