Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Dhalang uga sok nganggo wangsalan anggere njaluk gendhing marang para niyaga. Coba wangsalan iki karepe njaluk gendhing apa ?

  1. Sekar gadhung kongas gandanya.
  2. Mring paduka angayun-ayun asmara.
  3. Rinipta pindha puspita, pantes patrape kang warni.
  4. Esemira lir gebyaring thatit, maweh renyeping wardaya.
  5. Kapiyarsa kumaricik suwaraning tirta.


E. Wangsalan kanggo sasmita jenenging tembang iya ana. Coba tembang apa sing dikarepake ?

  1. Aja na mundur pakewuh. (tembang.....)
  2. Mingkar-mingkur ing angkara. (tembang.....)
  3. Mrih sarkara kang pinurweng kawi. (tembang.....)
  4. Mrih dadi kanthinira.(tembang.....)
  5. Kancana timbul ing warihan. (tembang.....)
  6. Aja wuluh ati nira. (tembang.....)
  7. Abrangta ing ngelmu. (tembang.....)
  8. Ywa nganggo budi nom-noman. (tembang.....)


Tegese tembung-tembung :

kongas
gandanira
paduka
ngayun-ayun
rinipta
pindha
puspita
lir
maweh
renyep
wardaya
kapiyarsa
tirta
pakewih
mingkar-mingkur
angkara
mrih
sarkara
inurweng
kawi
kancana
warih

= ngambar-ngambar
= ambune
= kowe
= ngarep-arep
= ditata
= kaya 3
= kembang
= kaya
= aweh
= resep; seneng
= ati
= kaprungu
= banyu
= pakewuh
= ngungkurake
= kamurkan, angkara murka
= supaya
= legi, gula, manis
= kawiwitan
= tembang
= emas
= banyu

82