Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kang mulya pangreh sarehe,
lir manik mandaya gung,
breming rat wus winajang ing sih,
sih wigunaning karya,
akarya wulangun,
walanguning tama karya,
harjeng deya sinemangkara suksmadi,
pangesthi murbeng sastra

(tembang Dhandhanggula).


Mingkar-mungkuring angkara.
Akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta.
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming Aji.

(tembang Pangkur).

Dene tembung-tembung kang kanggo nyasmitani tembang iku kaya ta :

(1). Kinanthi: kanthi, gandheng, kanthen
(2). Dhandhanggula: sarkara, madu, gula, guladrawa, artati, manis, gagak, kagakresna
(3). Pangkur: pungkur, wanda kur, wuri, wuntat, yuda kanaka (kukur-kukur)
(4). Maskumambang: kambang, kumambang, kentir.
(5). Sinom: anom, mudha, taruna, ron-kamal srinata, pangrawit, logongdhang, rena, weni
(6). Mijil: wijil. wetu, wiyos, raras-atu, sulastri.
(7). Asmaradana: asmara, kasmaran, kingkin, brangta, brangti, sedhih.
(8). Pucung: kluwak, uncung, sing nganggo wanda cung.
(9). Gambuh: gambuh, embuh, jumbuh, kambuh, tambuh.
(10). Megatruh : pegat, duduk, truh.
(11). Wirangrong : wirang, wirong.
(12). Balabak : keblabak, klelep.
(13). Girisa : giris.

(14). Jurudemung : mung, juru.

81