Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. KASUSASTRAN

  1. Saben bocah papat latihana gawe adegan pacelathon “Persami” ing dhuwur :
    - sing dhisik dhewe iku patemone sapa karo sapa, banjur disusul sapa lan sateruse.
    - pocapan/lagune sing luwes kaya lumrahe yen padha guneman karo kanca-kancamu kae, aja lali solah bawa / mimik:
    - kena karo maca. sokur setengah apal. waton luwes adegane.
  2. Sawise saben bocah papat latihan, banjur majua ana ngarep klas nganakake adegan kang kasebut ing pacelathon "Persami".
  3. Luwes lan orane adegan bakal diparingi biji dening bapak Guru/ Ibu Guru.

65