Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

III. PARAMASASTRA

Ukara-ukara iki udhalen !

  1. Ibu guru ngidini aku sakanca melu Persami.
  2. Kancaku sing lucu ndhagel ana Persami.
  3. Dhek Sabtu kanca-kanca Pramuka nganakake Persami ana Tawangmangu.
  4. Ibu mundhut lemari kanggo wadhah sandhangan.
  5. Kancaku lungguh sangga uwang.
  6. Kanthi akal julig malinge bisa lolos saka pakepungan.
  7. Adhiku sregep sinau supaya pinter.
  8. Para Pramuka nggawe piranti dhapur kanggo olah-olah ana Persami.
  9. Sirahe kancaku menyonyo ketiban bluluk.
  10. Dheweke nyengkakake garapan tanpa getung wektu.

IV. NULIS

Gawea karangan nganggo basa krama kanthi irah- irahan :

MUNGGAH REDI

Penget:

- Irah- irahan ing dhuwur iku becike tambahana jenenge gunung endi sing wis tau-ko-unggahi.

- Topik-topik apa sing perlu ko- critakake, tulisen ana konsep, pilihen sing perlu-perlu, banjur urutna !

- Saben topik dadekna saparagrap. Mula saben topik katrangan-katrangan tambahane sing perlu-perlu.

- Aja lali gawe cengkorongan karangan.

- Ukurane sing cetha, tulisane sing rapi !


V. UNGGAH-UNGGUH

Pacelathon "Persami” ing dhuwur iku dadekna pacelathon nganggo basa krama lugu sing bener !

64