Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 5

A. Wacanen batin

PERSAMI


Warsito : "Priye Tom, wis kok siyapake kabeh gawanmu?”
Sutomo : "Ooo, jelas ! Kabeh wis siyap. Kari nunggu Badri. Mengko sedhela maneh dheweke mesthi teka.”
Warsito : "Apa wae ta piranti sing kudu kok gawa?”
Sutomo : "Lha iki! Bantal, klasa, lampu petromak, lan kompor.”
Warsito : "Wingi kae Ketua Regu masrahi aku nggawa baterei, dandang karo ember. Nanging . . . dandange sing aku ora bisa nggawa, Tom!”
Sutomo : "Lho, lha kepriye?”
Warsito : "Dandange simbok dienggo dhewe.”
Sutomo : "Cilaka-ane ! Kowe kok ora kandha wingi ta War! Ngertia ngono aku nyilih dandange Mbakyu Tarmi. Ing kana dandange loro. Dadi bisa digawa siji.”
Badri : "Tuluuung . . . direwangi !" (Bengok-bengok saka kadohan).
Sutomo : “Ngapa ?”
Badri : "Iki, aku kabotan. Nggawa kayu bakar karo wajan”
Sutomo : “Ah, kowe ana-ana bae! Supaya ora kabotan, carane nggawa kudu sing bener! Ora pating pendhosol kaya ngene iki!”
Badri : "Wah, iki Den Warsito. Jebul wis tekan kene. Tiwas mau dakbengoki!”
Warsito : “Aku lagi bae kok, Badri.”
Badri : “Lha nanging wis jangkep kabeh gawanmu?”
Warsito : “Durung ! Aku ora bisa nggawa dandang. Sesuk arep dianggo Simbok.”
Badri : "Waah, kowe ya lagi kandha! Mbok ing kelas mau ngomong! Apa mangkene bae, mengko mangkate liwat omahku. Aku dak-njupuk dandang?"

59