Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
 Pramila boten sanes kula sakanca andherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan punika Kakangmas Drs. Wasito Sulaksono lajeng rumaos pinecut ndherek ndhidhik lan nyengkuyung ajengipun bangsa sarta nagari, cundhuk kaliyan ngelmu ingkang sampun karengkuh. Punapa malih ing wekdal punika kawontenanipun basa lan kasusastran Jawi ingkang taksih mrihatosaken, lan Kakangmas Drs. Wasito Sulaksono minangka sarjana sujana ing babagan basa lan kasusastran Jawi ingkang mumpuni dhumateng reh basa jan paramasastra.
 Mila saestu kapasangyoga manawi tembenipun Kangmas Drs. Wasito Sulaksono kersa kanthi dhanganing panggalih ambyur wonten ing samadyaning bebrayan, anggulawenthah bebrayan agung ing babagan kautamen anggegilut lan angipuk-ipuk murih lestarining kabudayan warisan leluhur punika.
 Sinten malih ingkang kedah cancut-taliwanda anggigah kita Jawi ingkang wekdal menika taksih kasengsem dhumateng kabudayan sanes, lan salajengipun purun nggilut kabudayanipun piyambak kejawi kita sedaya para mudha. Jejibahan menika pancen awrat ketingalipun, nanging manawi saestu katindakaken kanthi esthining manah, sayektos inggih badhe wonten uwohipun. Lan uwoh ingkang kita idham-idhamaken boten sanes inggih mekar lan tumangkaripun kabudayan Jawi ingkang tansah anggadhahi greget lan kapitadosan ingkang tumemen, bilih sayektosipun kabudayan Jawi minika boten kasingsal manawi katandhing kabudayan manca.
 Para rawuh, Bapak Ibu Darsoseateno sarta kangmas Drs. Wasito Sulaksono ingkang kula tresnani. Makaten rerocening basa ingkang saged kula aturaken ing wekdal punika minangkani sesulihing para kadang mudha sedaya. Bokbilih ingkang sampun katur kalawau karaos angandhar-andhar angendhukur sarta ingkang kirang trapsila menggah pahargyan dalum menika, ing mriki kula minangka manungsa wantah bokbilih wonten kekirangan sarta kiang leresing subasita nyuwun gunging pangaksami. Dhumateng Kangmas Drs. Wasito Sulaksono sugeng makarya kanthi greget enggal, mugi-mugi Gusti tansah anjangkungana.  Matur nuwun.

49