Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 4

I. WACAN

A. Wacanen batin kang premati!

ATUR PAMBAGYA SYUKURAN LULUS SARJANA
 Nuwun, para sadherek kakung-putri ingkang tuhu minulya, para pinisepuh ingkang tuhu kinabekten. Ing saderengipun kula matur wonten_ngarsa panjenengan sami, keparengakula nyuwun gunging samodra pangaksami, awit kula sampun kumawante ngadeg wonten ngarsa panjenengan minangka susulihing para kanca nem-neman sedaya.
 Ingkang sepisan, sumangga kita gedaya amemuji wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwaos, awit saking keparengipun sarta berkahipun, kita tansah ginanjar ing kawilujengan. Saengga kita sedaya pikantuk kekiyatan lahir-batos saged anjenengi pahargyan dalu menika.
 Kados sampun kapacak wonten ing kintaka-adi, sarta sampun kasebat ing ngajeng, bilih dinten punika penggalihipun Bapak saha Ibu Darsowiyono sakulawarga, mliginipun Kangmas Wasito Sulaksono, rumaos bebeg, bombong lan mokog awit punapa ingkang dados gegayuhanipun sampun saestu kasem-

badan. Inggih punika rikala tanggal 25 Juli 1988 dereng dangu punika, Kangmas Wasito Sulaksono sampun winisudha minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking jurusan Basa lan Sastra Jawi, Fakultas Sastra Budaya Universitas Sebelas Maret ing Surakarta.

 Ingkang sayektos damel bombong sarta mongkog boten wonten sanes awit Kangmas Wasito Sulaksono saged kalampahan lulus kanthi biji ingkang maremaken. Liripun lulusipun pikantuk pangalembana:saking para guru sarjana sujananing basa lan kasusastran Jawi ingkang tinanggenah andadar menggah kalantipan sarta kawasisanipun Kangmas Wasito Sulaksono.

48