Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 3

W A C A N
A. Wacanen batin kanthi teliti!

NGINGU TAWON


Sukri : Dak rungu saka ngomah kok thag-thog thag-thog ki lagi gawe apa ta Min?”
Sarmin : "Iki lho, Kang. ead ada gawe glodhog. Kanggo omah tawon.”
Sukri : "Kok ndadak digawekake omah. Lumrahe kae yen neneka rak ya manggon dhewe ta ? Ing wuwung omah, utawa ing blandar?”
Sarmin : "Iya, Kang. Nanging luwih prayoga digawekake omah-omahan dhewe. Kareben gampang pangupakarane lan katon luwih sampurna. Coba kae delengen, mburi omah kae rak bisa tumata tharik-tharik."
Sukri : "Weee... lha iya ta. Mengko dhisik Dhi. Biyen kepriye mula bukane kok tuwuh niyatmu age ada-ada ngingu tawon kaya ngene iki?"
Sarmin : "Ngene lho, Kang. Aku nate dicritani guruku. Ing babagan peternakan tawon, satemene Indonesia iki wis kepancal sepur sak abad lawase manawa katandhing karo negara Jerman lan Amerika.”
Sukri : ”Lho, lha priye ta kuwi nalare ?”
Sarmin : "Iya, Kang. Kamangka yektine Indonesia iki mbutuhake madu akeh banget! lya kanggo bahan obat-obatan, lilin utawa malam, nganti kebutuhan panganan ekstra liyane. Iki durung ngrembug pabrik-pabrik farmasi kang mbutuhake madu ora sethithik kanggo bahan tonikum.”
Sukri : "Bener, Dhi. Bener ! Perusahaan-perusahaan bathik kae gajege iya sok kekurangan malam barang.”
Sarmin : "Mula saka kuwi, Kang. Sapa ngerti ada-ada sing dak garap iki iya ana asile.”

35