Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
 Mangkana saweg eca imbal wacana, babasan idua durung asat, nginanga durung abang, kasaru pasowananipun R.H. Gathutkaca ngirid ingkang rayi satriya ing Plangkawati R. Angkawijaya. Sasampunipun bage-binage ing karaharjan, kawijos dhawuhipun Prabu Matswapati.


Pr. Matswapati : "Mengko-ta Kaki Abimanyu, sawuse lungguhira prayoga, mula enggal-enggal ingsun pasrah marang Kaki Senapati, kadiparan anggone bakal nata pabarisan.Harya, Harya Senapati, samengko pulunanira Angkawijaya wus so

wan, mula enggal-enggal sira tata bakal lakuning kuwajibane para satriya, dimen enggal bisa rumusak barisaning Kurawa.”

R.H. Dresthadyumna : "Nuwun inggih dhateng sandika, Eyang. Mengko putraningsun Angkawijaya, sawuse sira lungguh kang prayoga, terang saka dhawuhe Kaka Prabu Puntadewa sirakinen minangka cucuking yuda rumusaking wadyabala Kurawa. Mula saka panemuningsun, gelaring prang wadya Pandhawa perlu den salini, murih rancag rumusaking barisane Kurawa.
Mangke ta Eyang Prabu punapadene Kaka Prabu Darmakusuma, sasampunipun kakangmas Arjuna tuwin kakangmas Werkudara tilar paharisan, gelaring prang para Kurawa sinantunan gelar Cakra ingkang ugi kawastanan Cakrabyuha. Gelar ingkang makaten wau nuwun inggih sakalangkung rapet kinubengan dening para manggalaning yuda. Mila awit saking pamanggih kula, Pandhawa prayogi santun gelar Supiturang. Wigatosipun para prawira manggala tansah saged nyumerepi lampahing mengsah. Ing saben wonten kalamangsa ingkang sae, manggalayuda ingkang dumunung ing supit kiwa tengen, lajeng saged tumindak ngrabaseng mengsah. Makaten wau kula nyadhong dhawuh paduka kakalih."
Pr. Matswapati : "Ora liya panjenenganingsun banget nayogyani.”
Pr. Darmakusuma : "Yayi Senapati, pun kakang uga nayogyani. Mula enggal-enggal sira patah para prawira kang kinarya manggala, jalaran wus katon pandhesege wadya-Kurawa, malah kapara kateter wadyabala ing Pandhawa.”
RH. Dresthadyumna :

"Nuwun inggih dhateng sandika.”


 Kocap Senapati agung R.H. Dresthadyumna lajeng andhawuhaken tataning gelar Supiturang, Ingkang kapatah dumunung wonten ing supit kering R.H. Gathutkaca, ing supit kanan R.H. Dresthadyumna. Dene ing Susungut R. Angkawijaya. Ing sirah R.H, Setyaki, lajeng ing wurinipun Prabu Darmakusuma kadherekaken R. Nakula tuwin R. Sadewa.
 Santuning gelar wau katindakaken kanthi cukat trangginas, saengga tan pantara dangu wus ical gelar Garuda Nglayang, Kang katon namung gelar Supiturang den manggalani prawira tetiga R.H. Gathutkaca, R.H. Dresthadyumna tuwin R.Angkawijaya.

34