Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki golekana dasanamane (sinonime)!

  1. Mongkog atiku manawa nagaraku sugih apa-apa.
  2. Indonesia nyadhongi Philipina lan Thailand ing babagan lenga bumi.
  3. Cadhongku kanggo awan iki durung dak-jupuk.
  4. Srawungan mardika antarane kenya lan priya.
  5. Sesrawungan ana masarakat kudu bisa mapanake awake dhewe.
  6. Pasrawungan kenya lan priya ora dikungkung, nanging kudu dikendhaleni sarana anggering kasusilan Wetanan.
  7. Kang dikandhakake moderen durung mesthi becik lan onjo.
  8. Malah akeh kang nyulayani tumraping ngadat Wetanan.
  9. Akeh kang diecap kolot dening saweneh panemu, na- nging lugune isih mumpangati tumrap kita.
  10. Bocah iku isih lugu.

D. Gatekna!

Njuk piye terusna?

Basa kaya ing dhuwur iku basa caturan, dadi beda karo basa ing tulis. Basa caturan iku ora nganggo wewaton, kecaping tembung-temgunge iya beda karo ing basa tulis, dadi kalebu basa sing ora alus.

Njuk piye teruse, ing basa tulis = Banjur kapriye teruse?

Basa caturan ing ngisor iki gantinen basa tulis!

  1. Aku ra ruh, neng ngendi lehmu ndokok.
  2. Mbok gawa ta mau.
  3. Ning ora ngono.
  4. Dhinga nyilih bukumu sapa ?
  5. Aku mbalah ora ngerti.
  6. Dhana apa dhene, sakarepmu.
  7. Aku dhikin (dhisin), kowe aja kesusu!
  8. Sing ndhimik tekane sapa?
  9. Ya bek ngono.
  10. Nek ngono aku ora dhene (mbrene).
  11. Emoh aku nyang nggonmu, ndhak disrengeni bapakmu.
  12. Engko dudu kowe dhing marani barang iki.

11