Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
iwak loh = iwak kali
loh jinawi = subur banget
lalawaran = wantahan
wana wasa = alas gedhe rungkud
wana greng = alas gedhe banget
nugraha = ganjaran, peparing
gemah ripah = reja sarta akeh wonge
babanjengan = katon lelarikan sarta gegandhengan dawa
ngandhar-andhar = nglantrah, rowa banget.
ngipuk-ipuk = nglumpukake, ngunthuk-unthuk
ngrabaseng/"
ngrabasa ing = ngrusak marang


B. Isenana nganggo kosok baline tembung-tembung kang kandel pangecape iku !

  1. Wit-wit jati ing alas iku manawa mangsa rendheng padha
    ngrembuyung, manawa mangsa . . . padha. . . .
  2. Aku nandur wit pelem loro lemu-lemu, sing sijine wohe
    mbiyet nanging sijine . . . .
  3. Narta iki wayahe jam 12.00 adhimu kancanana dolan nanging aja pepanas, jaken. . . ana ngisor wit.
  4. Lungguhan awan-awan ana ngemperan krasa prampang,
    nanging ana kebon. kang akeh wit-witane krasa . . . .
  5. Wit-witan iku ing mangsa ketiga ngerak akeh kang layu,
    nanging bareng keha udan sepisan bae wis bisa katon. . .
    maneh.
  6. Ngrusak alas iku sawijining panggawe kang banget mitu-
    nani kanggone bebrayan, nanging manawa njaga lestarining alas iku ateges panggawe kang . . . banget.
  7. Alas kang isine tetuwuhan mung sawerna (jati, karet, utawa pinus) iku kagolong alas yasan, nanging alas-alas kang wit-witane warna-warna kang ora katandur ing manungsa iku diarani . . . .
  8. Alas-alas kang gundhul iki bisa marakake anane banjir bandhang, nanging alas kang dijaga amrih lestarine iku bisa mujudake .... kang ora katon lan bisa ngeculake banyu sithik-sithik kanggo oncoran sawah.

10