Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Kekirangan gizi ugi anjalari kirang sekecanipun badan ingkang ugi nuwuhaken raos lesu, kirang semangat manawi tumandang damel Tumraping lare saget anjalari geger wungkuk, sikil bengkong, lemes, lan munduring daya pikiripun.

 Awit saking punika tedha ingkang kita betahaken ing saben dintenipun, kedah nyekapi sarat-saratipun, ing antawisipun : kalori, protein, vitamin.

 Perlu kaaturaken, bilih gizi: punika tegesipun tetedhan ingkang njalari badan saras. Mila lajeng wonten ingkang negesi bilih gizi punika tetedhan ingkang gegayutan kaliyan kasarasan.

 Manut paniti priksaning para ahli gizi, ing kalangan masyarakat Indonesia kepanggih wonten 4 prakawis ingkang gegayutan kaliyan gizi, inggih punika : kekirangan kalori, kekirangan protein langkung-langkung protein hewani, kekirangan vitamin A, penyakit gondok Indemis. Kekirangan kalori, protein, kaliyan vitamin A punika dados campur adhuk. Amargi tiga-tiganipun sami wonten gandheng-cenengipun.

 Sampun katerangaken ing nginggil manawi tiyang ing kacekap gizinipun dados saras, manawi kirang boten badhe ngalami sakit-sakit kurus lapar, busung lapar, sakit gondhok, cadhok lan sanes-sanesipun. Nanging kosok wangsulipun manawi kekathahen gizi badhe njalari : penyakit jantung, penyakit darah, penyakit diabetes lan sanes-sanesipun.

 Awit saking punika minangka punjagining gizi.sampun ngantos kekirangan utawi kekathahen tumraping \rakyat Indonesia, mila Lembaga Makanan Rakyat tansah damel reka dayaamrih rakyat punika "sadar gizi” lan mrayogekaken dhateng masyarakat supados menuning tedha saben dintenipun karacika adhedhasar slogan EMPAT SEHAT LIMA SEMPURNA. Tegesipun menu ingkang sehat punika dumadinipun saking 4 werni, inggih punika : sekul, lelawuhan, sayuran, tuwin buah-buahan. Menu werni 4 punika badhe dados sampurna manawi dipun tambahi. susu. Wosipun slogan ing nginggil punika satunggaling pathokan ingkeng gampil tumraping rakyat anggenipun badhe ngreka daya amrih kabetahanipun gizi ing saben dintenipun saged kacekapan lan kajagi kasarasanipun.


123