Kaca iki wis divalidasi
(8). Paugeran Jarwa (teges)
Tembung lan tegese kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
retu = oreg = seger = obah → 6
Pethikan sengkalan-sengkalan minangka tuladha:
(1). Sirna llang Kartaning Bumi = taun 1400
(0) (0) (4) (1)
(sengkalan rusake Majapahit 1400 Saka).
(2). Uninga Tatu Trus Aji = taun 1953
(3) (5) (9) (1)
(3). Tata Guna Swareng Nata = taun 1735
(5) (3) (7) (1)
(4). Nir raraning pujanggarja = 1860
(0) (6) (8) (1)
(5): Resi Suci Trus Samadi = 1947
(7) (4) (9) (1)
III. PARAMASASTRA
UKARA WUTUH LAN UKARA WANCAHAN
A. Gatekna pacelathon iki!
Budi | : | "Kowe saka ngendi, Har?" (1) |
Harna | : | "Saka Bandung." (2) |
Budi | : | "Sapa sing ngajak kowe?" (3) |
Harna | : | "Bapak." (4) |
Budi | : | "Kowe nggawa oleh-oleh?" (5) |
Harna | : | "Nggawa.'(6) |
Budi | : | "Nggawa apa?"(6) |
Harna | : | "Peuyum."(8) |
B. Katrangan:
1. Pacelathon ing pasrawungan iku, kajaba migunakake ukara wutuh lumrahe migunakake ukara wancahan, amarga sing padha guneman wis padha bisa nyukup karepe senajan ukarane ora ganep.
116