Kaca:Mardi Jawi 3.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dene pandhapuke tembung-tembung kang kanggo ana ing sengkalan iku nganggo paugeran cacahe 8, yaiku mangkene :

(1). Paugeran Dasanama

Tembung-tembung kang tegese padha (nunggal misah), kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
pretiwi = kisma = pratala → 1
akasa = langit = dirgantara → 0

(2). Paugeran Sastra (tulisan)

Tembung-tembung kang padha panulise, kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :

esti (= gajah) = esti (= sedya) ->8

(3). Paugeran Wanda

Tembung-tembung kang nduweni wanda padha, kaanggep padha watak wilangane, kaya ta:
dadi = waudadi → 4

(4). Paugeran Warga

Kang nunggal warga (golongan), kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
ula = baya → 8

(5). Paugeran karya (pakarti)

Barang karo pakartine kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
mripat = mandeng → 2

(6). Paugeran Sarana (piranti)

Piranti lan gunane kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :
ilat = rasa = pratala →6

(7). Paugeran sipat

Barang lan sipate kaanggep padha watak wilangane, kaya ta :

geni panas -> 3

115