Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 4

I. WACAN

A. Wacanen batin sing premati !
HARI KESAKTIAN PANCASILA

 Pancasila kang adil dadi dhasare negara Republik Indonesia iki nyata-nyata sekti mandraguna. Lire wis makaping-kaping ana sawenehing pawongan lan golongan kang gething keburu sengit nedya njongkeng Pancasila, banjur diganti kanthi dhasar liya, ewasemono kabeh mau cabar tanpa gawe.

 Yen dietung-etung, wiwil kobare Prastawa Madiun kang didhalangi PKI Muso lan kanca-kancane, banjur pemberontakan RMS ing Maluku kang dipandhegani Soumokil, uga pemberontakan DI/TII ing Jawa Kulon lan saperangan Jawa Tengah kang didhalangi Sekarmaji Marijan Kartosuwiryo, PRRI/Permesta ing Sumatra Kulon lan Sulawesi kang dipandhegani Andi Azis lan Kahar Muzakar, kabeh mau kasil ditingkes dening ABRI lan Rakyat. Iki mracihnani manawa saperangan gedhe bangsa Indonesia isih nresnani Pancasil minangka gegondhelan, kapribaden, filsafat sarta dhasaring negarane.

 Nanging prastawa-prastawa kabeh mau pancen durung rampung semono bae. PKI kang nate gawe ontran-ontran rikala Prastawa Madiun 1948 lan diapura saengga bisa dadi partai kang ngrembaka jebul sulaya ing janji lan cidra ing ubaya. Anggone nampa Pancasila jebul mung dianggo lamis bae. Lire ing sawise taun 1960-an akeh prastawa-prastawa cilik ing dhaerah kang didhalangi lan digedhek-gedhekake dening PKI. Dene minangka punjere prastawa yaiku rikala Kedadeyan ontran-ontran ing Lubang Buaya tanggal 30 September 1965. PKI kanthi G 30 S nyata-nyata mrengkang paprentahan lan ngemohi Pancasila.

 Tragedi nasional ing Lubang Buaya kang katindakake dening G 30 S / PKI iki dadi tandha yekti, manawa PKI pancen wis ora bisa disanak maneh. Tumindake cengkah karo kapribaden lan jiwa Pancasila. Pemuda Rakyat kang bebarengan karo saperangan Pasukan Cakrabirawa nyulik para Jendral Angkatan Darat, kayata : Jendral Ahmad Yani, Letjen Haryono MT, Letjen S. Parman, Letjen R. Suprapto, Mayjen. Sutoyo, Mayjen D.I Panjaitan, Kapten Piere Tendean, lan Ajun Inspektur Polisi Karel Sasuit Tubun, mujudake tumindak kang cengkah kalayan

42