Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

penghayatan lan pengamalan Pancasila. Apa maneh sawise kasil diculik, para kurban mau banjur disiksa lan dipilara engga dadi lan tiwase. Lan sawise tinemu tiwas kanthi patrap deksiya jisime para kurban mau banjur dilebokake ing sajroning sumur tuwa satengahe Lubang Buaya kono.

Kaya mangkono mau trekahe Pemuda Rakyat. Gerwani lan Anggota BTI kang disengkuyung dening PKI. Mesthi bae iki awali ora uwal saka gegayuhane Letkol Untung kang dadi dhalang prastawa. Awit iya Letkol Untung mau kang kepengin ngelun panguwasa, kepengin mrengkang pranatan sarta Pancasila, kang sabanjure bisowa diganti mawa lelandhesan komunisme.

Nanging senajan dibudidaya kepriye bae, pemudha-pemudha kang ajiwa Pancasila ora bakal kengguh ing ubaya. Kanthi dipandhegani dening Letjen TNI Suharto, kang dibiyantu dening pasukan RPKAD kang dipimpin dening Kolonel Sarwo Edhie Wibowo, Pemuda Rakyat dalah Cakrabirawa kang kasil nguwasani lan ngejeki panggonan-panggonan wigati ing Jakarta kabeh kasil ditingkes. Pencen ora lidok, kabeh mau lumaku jalaran dikomandho dening para pemimpin PKI. Kanthi sesanti rawe-rawe rantas malang-malang putung, kang kasil dibrastha dening ABRI lan Rakyat orang mung para paraga prastawa G 30 S / PKI bae, nanging jangkep sak benggol-benggole pisan kasil dibrastha.

Mula ora jeneng keladuk manawa wiwit prastawa mau, tanggal 1 Oktober 1965 pihak Pancasilais wis kasil ningkes sakabehing mungsuh. Iya mungsuh kang nyata-nyata kepengin ngrubuhake Pancasila apadene mungsuh kang kanthi sesidheman kepengin gawe cilakaning bangsa lan negara sarana laku cidra. Mula kanggo pepenget tumrap kita kabeh tanggal 1 Oktober tetep kita pengeti minangka Dina Kesaktian Pancasila. Lan iya ing dina kasbut wis wajibe kita kabeh mawas dhiri, apa iya Pancasila wis kita amalake ing dalen pribadi kita ing sajroning urip bebrayan sadina-dina ?

Bangsa Indonesia wis sabaya-pati nedya mbela wutuhe negara Republik Indonesia kanthi wani ndhepani bantala amrih tansaya luhur lan arume bangsa. Jaya-jaya dwipantara tetep jaya ngadhepi salwiring bebaya, ngono sesantine, kejaba Bhinneka Tunggal Ika kang wis dadi tekad bebarengan kang tansah dileluri.***

43