Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

dyan ing tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita tanpa kalawan krananing bandayuda, amung kayungyun pepoyaning kautaman, bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih tumiyung, saben antara mangsa asok bulu bekti glondhong pangareng-areng, peni-peni raja peni guru bakal guru dadi.


VI. KASUSASTRAN

A. Kagunan Wayang iki gatekna !

W A Y A N G

 Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah, ing sa-Indonesia : ing tanah Jawa, ing Bali, ing Kalimantan, ing Sumatra Isp.

 Ing jaman Majapahit perbawane wayang iku malah tekan ing nagara Cempa lan Kamboja. Nagara-nagara iku njupuk lakon Panji saka tanah Jawa.

 Wayang iku warna-warna sing digawe, kayata :

  1. saka lulang utawa kulit (diarani wayang kulit utawa wayang lulang),
  2. saka kayu,
  3. saka tetuwahan,
  4. saka mori,
  5. saka kerdhus (kertas),
  6. saka logam.

 Awewaton critane wayang iku kena kapilih-pilih dadi pirang-pirang warna :

  1. Wayang Rama, critane njupuk saka buku Ramayana. Ing wektu saiki digolongake Wayang purwa.
  2. Wayang Purwa, critane saka parwa-parwa peranganing buku Mahabrata ing bab Pandhawa lan Kurawa.
  3. Wayang Madya, critane saka Parikesit tekan Jayabaya.
  4. Wayang Gedhog (kedhok = topeng), critane saka layang Panji.
  5. Wayang Klithik (Wayang Krucil) nyritakake lakon jaman Pajajaran tekan Majapahit, Prabu Brawijaya wekasan. Sing kondhang lakon Darmawulan-Menakjingga.


118