Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

VI. NULIS

Tulisen nganggo aksara Jawa!

Paragrap 2 wacan ing dhuwur!

V. JANTURAN JEJER ING PAWAYANGAN

Wacanen batin alon-alon lan rasakna, banjur nirokna lagu lan pocapane dhalang!

JANTURAN JEJER ING PAWAYANGAN

Swuh rep data pitana, anenggih nagari pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka sawiji adi luwih dasa sepuluh purwa kawitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan ing akasa kasangga ing pretiwi kaapit ing samodra, kathah ingkang sami anggana raras boten wonten kados nagari Dwarawati ya Dwaraka ingkang pantes kinarya bebukaning carita. Mila kinarya bebuka, ngupayaa nagari satus tan angsal kalih, sewu datan antuk sedasa. Mila winastan ing Dwarawati : palawanganing jagad utawi wewenganing rahsa, Dwaraka panggenan pambuka.

Dhasar nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra wukir gunung, dene nagari Dwarawati angungkuraken pagunungan ngeringaken pasabinan nengenaken benawi angayunake bandharan gedhe. Loh tulus ingkang sarwa titandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah wong kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhate labet tan ana sangsayane margi. Aripah janma manca kang sami gegriya ing salebeting praja jejel apipit pangsrasa aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak saking arjaning nagari. Karta kawula ing padhusunan padha tentrem atine, mungkul pangulahing tetanen. Ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen datan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan yen bengi padha mulih marang kandhange dhewe-dhewe. Raharja tebih ing parangmuka, dene para mantri bupati padha kontap kautamane, wicaksana limpad ing kawruh putus marang wajib pangerehing praja, tansah ambudi wewahe kaluhuraning Nata. Dhasar nagara gedhe obore padhang jagate dhuwur kukuse adoh kuncarane. Boten tanah Jawi kemawon ingkang sumuyud, sana-


117