Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Tulisen nganggo aksara Jawa sing bener !

turonana tukonana
surunen tukunen
nyurua nglukokna
nglawua pancatana
majua ngedumana
nutua cekelana
nyaotoa gopekana
mrenea atosana
mronoa panjerana
duwea buwangen

V. UNGGAH-UNGGUH

Kramakna sing bener !

  1. Muga-muga Gusti Kang Maha Asih paring katentreman lan pangayoman adhi sakukuban.
  2. Supaya bisa kasembadan gegayuhanmu aja nganti kendhat anggonmu duwe panyuwun marang Pangeran Kang Maha Agung lan Maha Murah.
  3. Nindakake apa dhawuhing Allah lan ngedohi laranganing iku diarani takwa marang Kang Murbeng Dumadi.
  4. Mas, awit saka pangestu panjenengan aku wis oleh pagawean ana Pertamina. Mula iku aku nyuwun pamit arep budhal sesuk-esuk. Mbok manawa ana luputku bae marang panjenengan aku nyuwun pangapura.
  5. Iya sokur Dhimas aku nderek bungah banget dene Dhimas wis pinaringan kanugrahan saka Pangeran. Aku mung nderek memuji muga-muga Dhimas bisa nindakake kewajiban kanthi ora ana godha rencana.

VI. KASUSASTRAN

A. Gatekna!

Kang diarani layang-layang kekawin yaiku layang-layang kuna kang katulis nganggo basa Jawa Kuna adhapur tembang gedhe kuna, tuladhane :

108