Kaca:Mardi Jawi 2.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
Kakawin Ramayana (ora kasumurupan sapa sing nganggit), kaanggit ing jamane Prabu Dyah Balitung (taun 989 – 910 M).
Kakawin Arjunawiwaha, kaanggit ing jamane Prabu Airlangga (1019 – 1042), dening Empu Kanwa.
Kakawin Kresnayana, anggitane Empu Triguna, jamane Prabu Warsajaya (± 1104).
Kakawin Smaradahana, jamane Prabu Kameswara I (1115 – 1130), anggitane Empu Dharmaja.
Kakawin Bharatayuda, kaanggit ing jamane Prabu Jayabaya (1130 – 1160), anggitane Empu Sedhah, dibacutake dening Empu Panuluh.
Kakawin Hariwangsa, anggitane Empu Panuluh ing jamane Prabu Jayabaya.
Kakawin Gathotkacacraya, anggitane Empu Panuluh ing jamane Prabu Jayakreta (1188).

B. Dramatisasi

Pacelathon wacan ing dhuwur iku wacanen batin kanthi premati. Banjur majua ing ngarep klas loro-loro, nirokna pacelathon iku kanthi lagu lan solah bawa kang luwes!

109