Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Menawi badhe medharaken raos sisah, sekaripun beda kaliyan manawi badhe nglairaken raos sereng utawi nepsu.
  2. Sekar Dhandhanggula lan sekar Sinom punika watakipun luwesan.
  3. Sekar macapat punika setunggal-setunggalipun sami.gadhah paugeran piyambak-piyambak.
  4. Taksih wonten malih ubarampe sawatawis, ingkang boten kalebet baku, nanging mewahi bregas.

B. Tuladha :
 Wiwit kina-makina tiyang Jawi punika seneng sekar
Ukara-ukara iki ganepana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing sisih tengen !

  1. Sang Putri anggenipun nandhang gerah sampun ...., ewadene saged dhangan dening kasektenipun Sang Bagawan Parasara.
  2. .... gesangipun rakyat ing saumumipun saya mindhak sekeca, awit saking pambudidayanipun parentah.
  3. Griya ingkang kula enggeni punika griya kina yasanipun suwargi embah buyut, salajengipun....ngantos dumugi kula punika.
  4. Sesakit pes punika anggenipun....sarana pinjaling tikus.
  5. Gesang ing salebeting bebrayan punika kedah saged....utawi...
  6. Ujaring ngakathah benggoling kecu punika gadhah aji-aji lembu sakilan, mila sanajan .... boten tumama.
  7. Sulayaning rembag, sang sinatriya kekalih lajeng ngunus pusaka, perang tandhing, . . . . . sakalangkung rame.

  1. taun-ngataun
  2. mataun-taun
  3. mong-kinemong
  4. tumurun-turun
  5. samad-sinamadan
  6. tular-tumular
  7. sinunduk-suduk
  8. suduk-sinuduk

Mbs-2- 77