Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
c. guru lagu utawi dhong-dhing, inggih punika dhawahing swara ing pungkasaning gatra.
d. pedhotan, inggih punika pamedhoting wanda sasaged-saged, sampun ngantos ngewahi suraos.

 Taksih wonten malih ubarampe sawatawis kangge damel moncering
  sekar macapat, kadosta: tembung kawi, sasmitaning sekar, purwakanthi,
  wangsalan, sengkalan, sandi asma. Punika sadaya boten kalebet baken,
  nanging mewahi bregas.

B. Wangsulana kang patitis abasa krama !

  1. Tembang iku manut umur-umurane ana pirang werna ?
  2. Tembang macapat cacahe ana pira?
  3. Apa tembang-tembang macapat iku padha duwe watak dhewe-dhewa?
  4. Gawe tembang macapat iku luwih angel karo gawe rumpakan puisi gagrak anyar. Apa sababe ?
  5. Yen arep gawe tembang macapat kang moncer, apa kang kudu digatekake ?

III. Kawruh basa

A. Tuladha:

    a. Wiwit kina-makina tiyang Jawi punika seneng sekar.
    b. Wiwit jaman kina tiyang Jawi punika seneng sekar.

Gawenen kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Miturut umur-umuranipun sekar mekaten wonten warni-warni.
  2. Sabarakan kaliyan sekar macapat, wonten malih sekar kalih warni inggih punika sekar ageng lan kidung.
  3. Wonten malih iketan kados dene sekar macapat, liripun sanes gancaran, inggih punika lelagon dolanan.
  4. Sanajan rumpakan puisi gagrak anyar punika kaiket ing wewaton, nanging boten kenceng sanget kados iketaning sekar macapat.

76