Kaca:Mardi Basa lan Sastra Jawi 2.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
    putranipun dadosa tiyang ingkang saleh.
  1. Sawenehing piwulang nyariyosaken, bilih mengsahipun setan punika tiyang sabar.
  2. Mugi-mugi ngamalipun suwargi katampi ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung.
  3. Menawi sepen ing tangadur benjing ing wulan ngajeng punika kula sabrayat badhe sowan budhe dhateng Malang.

C. Titik-titik ing ukara-ukara ngisor iki isenana nganggo tembung-tembung kang cumawis ing
  sisih tengen !

  1. Adhiku nangis nyuwun dipundhutake....
  2. Anggone mbalekake dhuwit ndadak nganggo dikantheni.........................
  3. Yu Lastri wis.......nanging solah tingkahe isih ajeg mbocahi.
  4. Musa dipek.................paklike.
  5. Anusapati iku.............Ken Arok.
  6. Olehe nyambut gawe adus kringet, kuwi ora liya kejaba mung kanggo nyukupi butuhe ...................
  7. Anggone napakake.....kepareng ingh Pangeran, nyatane turun-turune kabeh padha mulya uripe.
  8. Kuwi jenenge" ..... molah bapa kepradhah," lire wong tuwa nemahi reribed jalaran saka kelakuane anak.
  9. Dhuwite ora....,nanging dititipake ana ing kantor bank.

  1. anak-anak
  2. anak-anakan
  3. anakan
  4. anak bojo
  5. anak angkat
  6. anak kwalone
  7. dianakake
  8. anak putune
  9. anak
  10. nganaki

D. Tuladha :

  Yen unggah-ungguhe kurang trep, bisa uga tamu sing diaturi ora ana sing rawuh.

Ukara-ukara ngisor iki rampungna kaya tuladha ing dhuwur !

  1. Yen sinaumu ora kosrempeng, bisa uga...................
  2. Yen seminggu engkas isih durung ana udan, bisa uga.....

70