Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Bocah iki kok aneh mau ditakoni ora ngaku, saiki kok (celuluk) dhewe.
  2. Adhimu iku kokapakake, wiwit mau esuk seprene kok (bengak-bengok).
  3. (Udana) kae wis tanpa guna, lha wong tandurane wis kebacut mati.

IV. NULIS

(digawe dening murid)

V. UNGGAH-UNGGUH

Basa krama:

REMBAGIPUN BLANTIK KALIYAN TIONG HOA
Blantik : "Pancenipun sampeyan badhe kula welingaken,
kleresan sampeyan dhateng piyambak."
Tiong Hoa : "Sampeyan welingaken wonten damelipun puna
pa ?"
Blantik : "Anu, kapal kula ingkang sampeyan wastani ciri su
duk, manah kula kok radi samar, kula punika asring
dhateng Klaten numpak kapal prelu pasok pajengan
barang dagangan dhateng juragan, mangke manawi
wonten ing margi dipun begal ing durjana, dipun su
duk, ketarik saking cirining kapal suduk, punika ing
kang kula kawekani."
Tiong Hoa : "Nek, sasat kenging dipun pesthekaken, manggih
bebaya, botena disuduk, inggih dipun tumbak tiyang
dados awis ingkang purun numbas, ewadene jem
bar-jembaring jagad boten wonten barang ingkang
boten pajeng dipun sade, nanging inggih kedah na
rimah tuni sawatawis."
Blantik : "Manawi tuni kula boten angsal, namung kula buk
aken kemawon,- panumbas kula resik
Rp 1000.000,00 kawrat wonten serat lulusan."
Tiong Hoa : "Kula bektanipun kapalipun sapunika, nanging ke
dah dipun sipengaken sedalu ingkang badhe tum
bas, dipun tandha gedhong watukipun, manawi bo
ten inggih saestu dipun tumbas."

59