Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. kembang kopi = blanggreng
    ngembang kopi = mblanggreng (= macak)
  2. pipa landa (= oncowe) ngono we kok nesu
  3. jenang sela (= apu), apuranen.
  4. pindhang lulang (= krecek),
    kacek apa aku karo mas Wata.
  5. Jenang gula (= glali), aja lali lo Mas.
  6. Pring dhempet (= pring tutul) sunduk sate (= sujen)
    Tulung kandhanana ijen padha ijen.
  7. Balung jagung (= janggel) lo Dhi,
    gelemku isih janggelan.
  8. Balung klapa (= bathok),
    geleme ethok-ethokan.
  9. Wilangan wolu loro (= sepuluh),
    puluh-puluh dikapakake wong wis kebacut.



III. PARAMASASTRA

Rimbage tembung-tembung kang dikurung :

  1. Marga kurang pangati-atiku sirahku nganti (kethuthuk)
  2. Anggone nangis marga (dithuthuk) Ali nganggo garisan.
  3. Olehmu (kapiadreng) kepengin melu iku arep ngapa ?
  4. Nyuwun agenging samodra pangaksami dene kula (kumawantun) (sumela) atur dhumateng para rawuh.
  5. Maling kang kecekel sesasi kapungkur kae oleh (ukuman) enem sasi.
  6. Aku kok gregetan karo adhimu loro iku, angger ditinggal mingset kok banjur (keplak-keplakan)
  7. Welingku padha senenga (tetulung) marang liyan.
  8. Nalika liburan aku wegah (lunga-lunga), ana ngomah mung (mongan-mengen) bae.
  9. Kabar olehmu arep duwe gawe mantu wis (sumebar) tekan ngendi-endi.
  10. Pamuji kula mugi-mugi putra temanten kekalih sageta (sih-sinihan) runtung-runtung (rerentengan) wonten ing (bebrayan) ageng.


58