Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Garang garing.
10. Entek amek kurang golek.
11. Keplok ora tombok.
12. Kadang konang.

III. PARAMASASTRA

PANAMBANG A


A. Wangsulane pitakon- pitakon:

1 a. Tuladha panambang a kang mujudake, rimbag agnya (pakon) :
Tukua gula !
Adusa kana, ta !
Lungguha kursi kono !
Takona marang wong sing pinter !
Sinaua sing mempeng !

b. Tuladha panambang a kang mujudake rimbag sambawa :
Tekaa saiki mana ana kancaku ! (= muga- muga teka)
Rekasaa kaya ngapa mesthi daklakoni ! (= sanajan rekasa)
Kowe maneh ngretia, wong aku sing cedhak bae ora ngreti. (= mokal ngreti)
Bok udana mana aku ora susah ngelebi sawahku ! (= bok ya udan)
Mau mlakua terus ndang tekan ngomah ! (= upama mlaku)

2. Tuladha panambang a kang nelakake pakon tanggap (tanpa lesan) :
Ngakua bae, aja goroh !
Menenga bae !
Mandhega sedhela !
Muliha dhisik !
Nembanga sakarepmu !

47