Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Tuladha panganggone panambang a kang nelakake pakon tanggap (kang lesane gumathok) :
    Ombenen wedangmu !
    Jaluken dhuwitmu !
    Tukunen sepedha iku !
    Catheten katrangan iki !
    Wacanen buku iku !
  2. Tuladha panganggone panambang a kang nelakake :
    a. upama :
     — Ngretia nek wong ala, ora bakal daktemoni.
     — Tekaa esuk mau rak bisa kepethuk karo pimpinane.
    b. pangarep-arep :
     — Oleha lotre mana saiba bungahku !
     — Kondura saiki mana manak kareben priksa kaanan iki !
    c. sanajan :
     — Udana deres di kaya ngapa aku mesthi teka mrene.
     — Duwea dhuwit aku ora bakal nukokake sepedha kowe.
    d. muga-muga :
     — Dakrewangi nyenyuwun marang Pangeran, kowe entuka kanugrahan.
     — Pamujiku ing tembe, kowe bisaa kasembadan kang kokarepake.
    e. mokal :
     — Kowe maneh bisaa, aku sing wis akeh pengalaman ora bisa.
     — Wong liya maneh gelema ngopeni dheweke, adhine dhewe bae suthik kanggonah.


B. Tegese panambang a ing tembung-tembung kang kandel panyithake :

  1. njupuka      = supaya njupuk
  2. mlakua      = supaya mlaku
  3. tukua       = supaya tuku
  4. pintera kaya ngapa = senajan pinter


48