Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 6

I. WACAN

B. Wangsulane pitakon-pitakon :

  1. Ing tembang Sinom
    1. Wangsalane mung siji, yaiku :
      petis manis (kecap)
      wis kudu dadi pocapan.
    2. Sing dadi pocapan iku :
      edane wong kang lagi kena guna saka si kakang
      Wong kang kena guna iku :
      awak mami
    3. Kaanane wong kang kena guna ing tembang iku :
      mbathik karo nangis mbrebes mili,
      malame wutah belabaran lan mati genine,
      gawangane banjur disendhal nganti putung.
  2. Ing tembang Kinanthi :
    1. Wangsalan ana loro, yaiku :
      1. Kenthang rambat (tela), menyan putih (wlirang)
        awasna dipun pratela, noleha wirange wuri.
      2. Cacangkok wohing kalapa (bathok)
        kang dadi pathoking urip.
    2. Miturut tembang Kinanthi ing wacan, pathokaning wong ngaurip iku mangkene :
      (sakabehing tumindak) Kudu ditimbang kanthi waspada, kudu ngelingi kepriye akibate ing tembe burine.
  3. Ing tembang Dhandhanggula :
    1. Wangsalan ana lima, yaiku :
      1. Carang wreksa (pang) ingkang jamang tambir (wengku)
        ora gampang wong mengku negara.
      2. baligo amba godhonge (labu)
        kudu sentoseng kalbu.

35