Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Warsito : Punapa kemawon ta pirantos ingkang kedah sampeyan bekta ?"
Sutomo : "Lha punika! Bantal, gelaran, lampu petromak, kaliyan ...kompor."
Warsito : "Kala wingi punika Ketua Regu masrahi kula mbekta baterei, dandang kaliyan ember. Nanging...dandangipun ingkang kula boten saged mbekta, Tom !"
Sutomo : "Lho, lha kados pundi ?".
Warsito : "Dandangipun símbok dipun engge piyambak."
Sutomo : "Cilaka-ane! Sampeyan kok boten criyos kala wingi ta, War! Ngertosa makaten kula nyambut dandangipun Mbakyu Tarmi. Ing ngrika dandangipun kalih. Dados saged dipun bekta setunggal."
Badri : "Tuluuung... direwangi !" (bengok-bengok saka kadohan).
Sutomo : "Punapa ?"
Badri : "Punika, kula kawratan. Mbekta kajeng bakar kaliyan wajan."
Sutomo : "Ah, sampeyan wonten-wonten kemawon ! Supados boten kawratan, catanipun mbekta kedah ingkang leres ! Boten pating pendhosol kados makaten punika!"
Badri : "Wah, punika Den Warsito. Jebul sampun dumugi ngriki. Tiwas kala wau kula bengoki."
Warsito : "Kula saweg kemawon kok, Badri."
Badri : Lha nanging sampun jangkep sedaya bektan sampeyan ?"
Warsito : "Dereng! Kula boten saged mbekta dandang. Benjing enjing badhe dipun angge Simbok."
Badri : "Waah, sampeyan inggih saweg criyos! Mbok wonten ing kelas wau criyos! Punapa makaten kemawon, mangke mangketaipun langkung griya kula. Kula mendhet dandang ?!"


...................................................

(bisa diterusake dening guru lan murid)

VI. KASUSASTRAN

34