Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12. Playune lonjong botor
— Botor (= isi kecipir) kang wangune bunder kaya mimis
kang playune banter, mangka dianggep isih lonjong
kang kurang banter playune, tegese banter banget.
— Playune banter banget.

III. PARAMASASTRA
Udhalan (racutan) ag ukara- ukara ing ngisor iki :
1. Ibu guru // ngidini / aku sakanca / melu Persami.

  — Ibu guru
  — ngidini
  — aku sakanca
  — melu Persami

= jejer
= wasesa
= lesan
= katrangan kaperluan

2. Kancaku sing lucu // ndhagel / ana Persami.

  — Kancaku sing lucu
  — ndhagel
  — ana Persami

= jejer
= wasesa
= katrangan panggonan

3. Dhek Sabtu / kanca-kanca Pramuka // nganakake / Persami / ana Tawangmangu.

  — kanca-kanca Pramuka
  — nganakake
  — Persami
  — ana Tawangmangu
  — Dhek Sabtu

= jejer
= wasesa
= lesan
= katrangan panggonan
= katrangan wektu

4. Ibu // mundhut / lemari / kanggo wadhah sandhangan.

  — Ibu
  — mundhut
  — lemari
  — kanggo wadhah sandhangan

= jejer
= wasesa
= lesan
= katrangan tujuan

5. Kancaku // lungguh / sangga uwang.

  — Kancaku
  — lungguh
  — sangga uwang

= jejer
= wasesa
= katrangan kaanan

6. Kanthi akal julig / malinge // bisa lolos / saka pakepungan.

  — malinge
  — lolos

= jejer
= wasesa

32