Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Eseme pait madu
    — Madu iku rasane legi, mangka dianggep isih pait, tegese legi banget utawa manis banget.
    — Eseme manis banget.
  2. Lakune rindhik kirik digitik
    — Playune kirik digitik iku banter, mangka dianggep isih rindhik, tegese luwih dening banter.
  3. Suwe mijet wohing ranti
    — Mijet wohing ranti iku sedhela banget (gampang), mangka isih dianggep suwe, tegese luwih dening gampang (sedhela banget).
    — (samubarang gawe) kang gampang (sedhela) banget ditindakake.
  4. Rasane legi butrawali
    — Butrawali iki pait, mangka dianggep luwih dening legi, tegese pait banget rasane.
    — Rasane pait banget.
  5. Cahyane abang dluwang
    — Dluwang iku warnane putih. Putihing dluwang dianggep luwih dening abang, tegese luwih dening putih (= aclum)
    — Cahyane aclum banget.
  6. Anggone memitran renggang gula kumepyur pulut
    — Tangkepaning lirangan gula Jawa iku kraket banget (saya kraket manawa rada jemek), mangka dianggep isih renggang, tegese kraket banget (ora tau pisah)
    -Anggone memitran raket banget sasat ora tau pisah.
  7. Tatune arang kranjang
    — Kranjang iku bolongane (matane) kerep tur rata, mangka dianggep luwih dening arang, tegese kerep banget.
    — Tatune kerep banget (rata ing awak)
  8. Lungguhe anteng kitiran
    — Kitiran, mubeng, dianggep luwih dening anteng, tegesetansah obah
    — Lungguhe tansah obah (rongeh)

31