Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
WULANGAN 2

II. KAWRUH BASA

B. Tembung saroja :

1. kocap kacarita = kacaritakake
dhawuh pangandika = kandhane
tata rakit = cecawis, siyaga
2. sumebar warata = warata ing ngendi-endi
gethok tular = tular tumularing paomongan
3. gagah prakosa = gedhe dhuwur lan santosa
sekti mandraguna = digdaya banget
4. tandang tanduk = patrap, solah tingkah
angkat junjung = njejunjung, ngangkat-angkat
watak wantune = watak sarta dhasaring wewatakan
budi pakarti = watak lan panalare
solah tingkah = tandang tanduk
5. rahayu slamet = luput ing bebaya
baya pakewuh = reribed
teguh kuwat = sentosa

D. Tegese unen-unen :

1. abang-abang lambe = tetembungan manis mung samudana
2. lambe setumang kari samerang = wong nenuturi ora digugu
3. madu angin = pepadon prakara kang ora nyata
4. angon angin = golek (nangguh) wektu kang prayoga.
5. ketiban tai baya = kena ing pandakwa
6. kinepung wakul binaya mangap = dikepung ing mungsuh
7. balung peking = wong kang sekeng
8. balung gajah = wong kang sugih bandha
9. madu balung tanpa isi = pepadon prakara barang sepele
10. mbalung usus = kekarepane kendho kenceng
11. tunggal banyu = tunggal ngelmu (tunggal guru ngelmu).
12. banyu pinerang = ngibaratake pasulayane sedulur mesthi enggal pulih.

9