V. UNGGAH-UNGGUH
Indonesia punika negari tetanen utawi kasebut ugi negari agraria. Sampun mataun-taun tiyang-tiyang ing ngriki sami nanem pantun, jagung kaliyan palawija. Klapa, wit woh-wohan ugi boten kantun.
Wana ageng dipun babadi. Lepen-lepen sami dipun bendung. Wilayah ingkang wiyar sanget dipun sukani irigasi ingkang dipun atur sampurna. Salah satunggalipun kasilipun ingkang wigatos inggih punika klapa. Pamedalipun klapa nglangkungi betahing rakyat, milanipun Indonesia saged ngintunaken kopra kathah sanget dhateng manca negari. Namung kemawon pamedaling sabin dereng nyekapi, mila inggih taksih kapeksa ngimpor uwos saking manca negari.
Sapunika sampun wonten cara warni-warni kangge mewahi pamedaling sabin. Pamedalipun sabin ingkang awujud uwos sapunika saya wewah. Ing pangangkah Indonesia sampun ngantos impor uwos malih. Milanipun saking punika Indonesia lajeng damel bendungan ageng-ageng kangge ngoncori sabin-sabin ing mangsa ketiga. Dados wadhuk-wadhuk inggih punika tandhon toya perlu sanget tumraping tetanen. Amargi saking wontenipun wadhuk-wadhuk punika sedherek tani lajeng saged panen pantun kaping kalih setaun-taunipun, malah wonten ingkang kaping tiga punapa. Ing Krawang sabin pinten-pinten dasa ewu hektar saged dipun oncori ing mangsa ketiga margi saking wontenipun Wadhuk Jatiluhur.
Kajawi dipun tanemi pantun sabin-sabin ugi dipun tanemi kacang, kedhele, pohung tuwin taneman palawija sanesipun. Punika kala wau sadaya kangge nyekapi betahing rakyat sadinten-dintenipun. Sadaya tetaneman punika wau kangge mewahi makmuring rakyat, kangge kerta raharjaning negari.
VI. KASUSASTRAN
__________
8