Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 
4. Lah dalah, bisa kepethuk kowe aku saiki !
5. Dubilah, ana tela kok sabayi-bayi ngene gedhene !
6. Ah, wis ta, aku precaya yen kowe bisa nggarap soal ma-
      tematika iki !
7. Hore, layanganku menang!
8. Lah lidok, aku mau rak wis ngelingake kowe yen aja
      ngandel omongane Dasa!
9. Lah layak, mulihe rewangmu ora pamitan, lah wong ni-
      yate ora apik !
10. Nalika aku bingung ana Jakarta nggoleki alamate sedulur-
      ku, dilalah sopire taksi tanggane sedulurku iku !

VI. KASUSASTRAN
-

                     WULANGAN 8
II. KAWRUH BASA

B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :

1.. Wong sesrawungan ana kalangan apa bae, yen didhasari
    watak andhap asor bakal kajen keringan.
2. Wong kang ana' bebrayan ngendelake karosane (adl-
gang), ngendelake kaluhurane (adigung) lan ngendelake
   kapinterane (adiguna) iku bakal dicenges ing liyan.
3. Kebangeten temen olehmu matadhuwiten wang dhuwit
   ora, mingsra bae petungmu nemen.
4. Pak Lurah iku pancen sawijining pamong kang momot ati-
   ne katitik Bu Lurah iku priyayi kang blater, mula ora aneh
   manawa nalika mantu, tamune mbludak.
5. Bambang Sumantri iku satriya kang sureng yuda nganti
   ndadekake mirising mungsuh.
6. Prabu Yudhisthira iku kawentar ratu kang seneng paring
   dana driyah (berbudi) lan apa sing wis dingendikakake
   mesthi ditindakake (bawa leksana)

42