Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Ana ing crita Layang Seta lan Layang Kumitir awatak drengki srel, amarga ora seneng nyawang marang Damarwulan kang isih kulit daging dhewe. Kosok baline Anjasmara iku watake lembah manah, ngajeni marang sapa bae.
  2. Nuduhake barang kang ana ngisor aja pisan-pisan nganggo sikil, mundhak diarani wong kang degsura.

C. Kosok baline tembung-tembung :

1. katentreman >< rusuh, dredah, dahuru, hera-heru
2. gemi >< ngebreh
3. wekel >< kesed, wegahan
4. andhap asor >< kumaki, gumedhe
5. kebat >< satitahe, klelar-kleler
6. blaka >< dora, goroh
7. ladak >< lembah manah, andhap asor
8. sabar >< kemrungsung, kesusu, neson, brangasan
9. beja >< cilaka
10. gedhen >< climen
11. nriman >< ngangsa, ngaya, srakah.
12. rukun >< crah, congkrah
13. temenan >< nglirwakake
14. luhur >< asor, remeh
15. sugih akal >< cupet budine, putek atine
16. isinan >< saen.

D. Pepindhan :

  1. Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
  2. Warnane kuning kaya emas sinangling.
  3. Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun.
  4. Ayune kaya Dewi Ratih.
  5. Dheg-dhegan lir tinubruk ing mong tuna, sinambering gelap lepat.
  6. Wadana melok lir wulan purnama.
  7. Netra lir baskara kembar.
  8. Oleh kabegjan kaya katiban daru.
  9. Swarane kaya mbelah-belaha bumi.
  10. Suguhane mbanyu mili.
  11. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen.

43