Kaca:Kridha Basa 2.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


II. Tuladha:

PMI tetulung dhateng soksintena ingkang mbetahaken pitulungan.
A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung sing cocog sing cumawis ing ngisor!
  1. Mireng pisambatipun para prajurit punika, Henri Dunant . . . manahipun.
  2. Tiyang punika sugih, nanging boten gadhah raos . . . sekedhik-kedhika dhateng tiyang ingkang kekirangan.
  3. Wiwit alit, laré kedah dipun predi gadhaha raos . . . dhateng sesamining agesang.
  4. Pandhawa punika gegambaranipun tiyang ingkang remen dhateng . . . .
  5. Prabu Yudhisthira ratu . . . . berbudi bawaleksana.
  1. ambèk darma
  2. trenyuh
  3. kadarman

d. welas
e. asih

B. Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!
  1. drengki
  2. mentalan
  3. welasan
  4. pangalembana
  5. tanpa pamrih

  1. piwales
  2. kasaénan
  3. kecingkrangan
  4. welas-asih
  5. dana driyah

III. A. Tuladha:

    1. PMI (tulung) marang sapa baé sing perlu ditulungi.
    2. PMI tetulung marang sapa baé sing perlu ditulungi.
    1. Coba tilingna, sapa sing (tulung) kaé!
    2. Coba tilingna, sapa sing tulung-tulung kaé!
    1. Mengko yèn ana sing (celuk) kélangan, kandhanana yèn sing nemu aku!
    2. Mengko yèn ana sing celuluk kélangan, kandhanana yèn sing nemu aku!

79