Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-11
I. A. Wacanen kang patitis!
Gugur Gunung

| Sidik : | Pak, kala wau Pak Kepala Dhukuh tindak mriki. |
| Bapak : | Jam pira? |
| Sidik : | Saweg kemawon. Watawis setengahan jam. |
| Bapak : | Sajaké ana kersa apa? |
| Sidik : | Anu, Pak. Ngendikanipun Pak Dhukuh wonten
dhawuh saking klurahan bilih bénjing énjing war- ga dhukuh Brangkal tampi giliran gugur gunung. |
| Bapak : | Sesuk ésuk? |
| Sidik : | Inggih, Pak. Nglempak wonten dalemipun Pak
Dhukuh pukul nem, dipun dhawuhi ngasta pra- bot. |
69