Kaca:Kridha Basa 2.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

satus tan angsal kalih, sèwu datan antuk sedasa. Mila winastan ing Dwarawati: palawanganing jagad utawi wewenganing rahsa, Dwaraka anggénan pambuka.

Dhasar nagari panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja, Panjang dawa pocapané, punjung luhur kawibawané, pasir samodra wukir gunung, déné nagari Dwarawati angungkuraken pagunungan ngéringaken pasabinan nengenaken benawi angayunaké bandharan gedhe. Loh tulus ingkang sarwa titandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah wong kang lumaku dagang rinten dalu datan ana pedhoté labet tan ana sangsayane margi. Aripah janma manca kang sami gegriya ing salebeting praja jejel apipit pangrasa aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak saking arjaning nagari. Karta kawula ing padhusunan padha tentrem atiné, mungkul pangulahing tetanen. Ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwèn datan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan yèn bengi padha mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé. Raharja tebih ing parangmuka, déné para mantri bupati padha kontap kautamané, wicaksana limpad ing kawruh putus marang wajib pangerèhing praja, tansah ambudi wewahé kaluhuraning Nata. Dhasar nagara gedhé oboré padhang jagaté dhuwur kukusé adoh kuncarané. Boten tanah Jawi kémawon ingkang sumuyud, sanadyan ing tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita tanpa kalawan krananing bandayuda, amung kayungyun pepoyaning kautaman, bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih tumiyung. saben antara mangsa asok bulu bekti glondhong pangareng-areng. pèni-pèni raja peni guru bakal guru dadi.

VI. Wacanen kang patitis, banjur lagokna!

Suluk Pathetan Slendro 9

   Sansaya dalu araras abyor kang lintang kumendhap.
   Titi sonya tengah wengi lumrang gandaning puspita.
   O ....
   Karengwaning pudyanira, o ....
   Sang Dwijawara mbrengengeng.
   Lir swaraning madubranta.
   O....O ....


68