Kaca:Kridha Basa 2.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing tlatah Panaraga sakiwatengenipun kagunan réyog punika misuwur sanget: Tumrap tetiyang ing Panaraga kagunan réyog punika sampun mbalung sungsum. Sadhéngah tiyang Panaraga ageng alit, jaler estri, enem sepuh, sadaya remen sanget dhateng kagunan réyog. Tiyang gadhah damel, ingkang kathah sami nanggap kagunan réyog. Pahargyan dinten ageng, temtu ugi mawi tetingalan kagunan reyog.

Kagunan réyog punika ingkang baku arupi jaranan lan barongan. Barongan mekaten sirahipun arai singa, mawi krembyah-krembyah ingkang dipun damel élaring merak. Wondéné tabuhanipun arupi saron, kempul, kendhang, angklung, lan slompret.
Tetiyang ingkang sami nggelar kagunan réyog punika badanipun sami gothot-gothot singset mbengkiyeng, mawi udheng, rasukan, lan sruwal gembyong warni wulung utawi cemeng, usus-ususipun nglawer panjang, ngangge gombyok ingkang dipun damel sayet.

Ing Panaraga kagunan réyog punika wontenipun sampun wiwit atusan taun kepengker. Kacariyos, kagunan réyog punika nggelar cariyos perangipun Prabu Klana Séwandana raja mudha ing Panaraga mengsah Singabarong ingkang dedunung ing wana Roban. Wondéné cariyos bab wontenipun réyog Panaraga punika kados ingkang kabeber ing geguritan utawi rumpakan ing ngandhap punika.

Réyog Panaraga

Klana Séwandana raja mudha Panaraga,
siyaga ing yuda nglawan raja rai singa,
ngasta pusakané pecut Kyai Samandiman,
ngrabas ing prang pupuh Singabarong alas Roban.

Yo ha'é yo ha'é perangé sansaya ramé.
yo ha'é padha sekti kekarone.

Warok-warok sekti ngrabas ing prajurit Singa,
Patih Pujangganóm nglawan pepatihing Singa,
kabeh ancur lebur déning warok Panaraga,
pecut Samandiman swarané mecah angkasa.

36