Kaca:Kridha Basa 2.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-6

I. A. Wacanen batin!

Réyog Panaraga

 Swaranipun kempul kepireng pating krenung pating jlegur, binarung swaranipun slomprèt athiyèt-thiyèt. Slomprèt punika wujudipun ageng panjang, rupinipun cemeng sinelut ing salaka pethak, pinatik ing paku jamur kuningan. Cucupipun dipun pasangi tutup bathok cemeng wiyaripun watawis kalih nyari, mèpèt cangkemipun ingkang nyebul, sinawang mèmper sanget brengos njlekèthèt.
Ing siyang punika kempalan réyog Panaraga "Pujangganom" badhé ngarak pangantèn boyong, saking panggénanipun pangantèn èstri dhateng panggénanipun pangantèn jaler.

35