Kaca:Kridha Basa 2.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Kuciwa, dèrèng ngantos saged nindakaken rancangan mbangun bangsa lan negari, wonten-wonten kémawon rubéda ingkang ngreridhu adeging negari Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila lan UUD 1945 punika. Rubéda punika upaminipun lumebetipun bangsa Walandi dhateng negari Republik Indonesia, kanthi sedya badhé njajah negari lan bangsa Indonesia malih. Boten namung punika, dalasan Partai Komunis Indonesia (PKI) ugi nyaru wuwus. Kala taun 1948 PKI brontak: PKI badhé njongkèng panguwaos. PKI badhe ngebrukaken adeging negari Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila. PKI kepéngin nyingkiraken dhasaring negari Pancasila, kagantos komunisme. Nadyan kala semanten bangsa Indonesia nedheng-nedhengipun prangtandhing mengsah bangsa Walandi ingkang kepéngin wangsul njajah bangsa Indonesia malih, awit saking kemirahaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, bangsa Indonesia saged mbirat rubéda mbrastha pambalelanipun PKI punika.

 Pambudidayanipun bangsa Indonesia saged angsal damel. Walandi nungkul. Nanging, taksih wonten-wonten kémawon rubeda ingkang ngreridhu adegipun negari Republik Indonesia. Pranyata. PKI ugi boten kapok. PKI taksih mbudidaya kanthi cara punapa kemawon badhé ngendhih panguwaos lan badhé nggantos dhasaring negari Pancasila.

 PKI rumaos sampun kiyat. Kala tanggal 30 Sèptèmber malem tanggal 1 Oktober taun 1965 wanci bangun énjing, PKI damel ontran-ontran malih. Grombolaning PKI ingkang mémba-memba utusanipun Presiden manggihi Bapak-bapak Jéndral ingkang saweg sami sakéca-sakécanipun saré.

Kanthi rudapeksa Bapak-bapak Jéndral punika dipun wungu lajeng dipun prajaya. Wontenipun PKI ngawontenaken ontran-ontran ngantos mentala mrajaya para pangagenging bangsa, punika boten senès jalaran selak kepéngin nyepeng panguwaosing negari, saha nggantos dhasaring negari Pancasila. Nanging, salaminipun, tindak dursila punika boten badhé tumama dhateng barang ingkang leres. Semanten ugi tindak

22