Kaca:Kridha Basa 2.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-4

A. Wacanen batin!

Hari Kesaktian Pancasila

Sasampunipun ing salebetipun tigang atus sèket taun tanpa kendhat mbudidaya uwal saking regemaning penjajah, kala tanggal 17 Agustus taun 1945 bangsa Indonesia kelampahan saged ngumandhangaken kamardikanipun dhateng bangsa-bangsa sanès ing saindenging bawana. Bangsa Indonesia lajeng ngedegaken negari ingkang mardika, Negari Kesatuan Republik Indonesia ingkang adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar taun 1945, kacekak UUD 1945. Kamardikan sampun kecepeng. Sapunika mulya utawi sengsaranipun bangsa Indonesia gumantung wonten ing tanganipun bangsa Indonesia piyambak, boten gumantung wonten ing tanganipun bangsa sanès.

21